Cara
Mudah Menjadi Pembicara /MC “PASRAH MANTEN” di Pernikahan, (Atur Pambagya
Hargya, Pasrah Manten, Terima Temanten, Mangayu Bagya, Asung Bela Sungkawa, dll
)
TULADHA
SAPALA
1.
Tuladha
Sapala menika namung kangge ancer-ancer mbok bilih wonten para-para ingkang
kersa nampi jejibahan talanging atur/basa
bab : Ing Pahargyan Manten saha
Ing Kasripahan
2.
Pramila
kula ngracik Tuladha Sapala punika , dhumateng sok sintena ingkang kersa nguri-uri Basa Jawi, punika sampun
saget kangge ancer-ancer minangka talanging Basa, panci Tuladha Sapala kadamel
kanthi ringkes ( Palur-Solo, 26 Nov
2005, Radjiman Rososumanto)
PASRAH TEMANTEN
Pokoking Atur :
1.
Uluk
Salam
2.
Minangka
Duta
3.
Salam
Taklim
4.
Pasrah
5.
Atur
Panuwun
6.
Nyuwun
Pangapura
7.
Nyuwun
Pamit
1. Kawula nuwun, para pinisepuh ingkang
tuhu lumbering kawruh, para pepundhen ingkang
dahat kinabekten, para pangembating praja ingkang pantes sinudarsana, para rawuh kakung putri ingkang
tuhu mahambeg ing budi, Assalamualaikum WrWb …../Syallom……, Kasugengan ,
katentreman miwah karahayon awit sih wilasanipun Gusti , mugi tansah kasarira
sagunging para mahargya.
2.
Nuhoni
Jejibahan ingkang kula tampi saking panjenenganipun Bp/Ibu…………………(orang tua temanten kakung) ,
kula amung minangka duta, piniji hamasrahaken calon putra temanten kakung pun Bagus ………………, Ingkang badhe kawiwaha ing dinten punika.
3.
Katur
panjeneganipun Bp ……………….( panampi), keparenga matur :
Sepisan,
saderengipun pasrah, kawula aturaken
sumangga sami ngaturaken suka syukuring Gusti ingkang sampun kasarira sedaya
ingkang badhe njenengi/ngestreni pahargyan punika.
Kaping
Kalih, ngaturaken salam taklim saking
Bp/Ibu…………..…(orang tua manten kakung) , konjuk panjenenganipun Bp……………………., Keparenga
nampi saha ka aturna dhumateng ingkang kawogan gati.
Kaping
tiga, lampah kula kanthi hamboyongi
putra temanten dalah rombongan panggrubyuk nenggih widodo mboten wonten rubeda
ing margi, awit sih wilasaning Gusti, dalasan pangestunipun para sepuh ing
mriki.
4.
Atur
salajengipun , kula hamasrahaken putra temanten kakung pun Bagus ……………..
,keparenga panjenengan nampi asta kekalih kanthi renaning panggalih mbok menawi
badhe dipun wonteni upacara panggih.
5.
Kacihna
titi wanci punika ing wisma gung
rinengga mriki wonten prastawa gati ingkang semuwa, pahargyan dhaupipun Rara
………………… kaliyan Bagus …………………. Mboten
sanes panjenenganipun Bp/Ibu ……………..
ngaturaken agunging panuwun dene putranipun Bagus………………
kawiwaha sineksen sagunging para mahargya, para rawuh kakung putri
ingkang tuhu ambeking budi.
6.
Kula
dalah rombongan panggrubyuk , anggenipun sowan saha ngestreni pawiwahan punika
mbok bilih wonten kiranging subasita ingkang ndadosaken kirang renaning
panggalih . Kula ingkang nyuwunaken agunging pangapunten.
7.
Pungkasaning
atur, ing mangke saparipurnaning pahargyan, kula saha warga pangombyong temanten
kakung nyuwun pamit, nyuwun pangestu wangsul dhateng papan padunungan, tebihna
ing alangan, dene baraya agung ing mriki tansaha manggih ing suka basuki.
Mbok
bilih wonten ceweting atur, nyuwun pangaksama, Kula cekapi atur pasrah punika,
akhirul salam WbWh..…WrWb ( Mugi Gusti tansah mberkahi kita sedaya), ugi sinartan sesanti : Rahayu
ingkang sami pinanggih , tebih ing godha rencana, winantu ing suka rena. Nuwun, Matur nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar