Cara Mudah Jadi PAMBIWARA / PENGACARA
/ PROTOKOL “ KASRIPAHAN “ (KEMATIAN)
1.Pambuka :
Kawula
nuwun, kados-kados dhuhkita wara ingkang sampun sumebar sarana serat lelayu
saha lesan lan gethok tular, bilih
panjenenganipun Bp/Ibu …………………. Titi
wanci punika tinimbalan dening Pangeran Ingkang Maha Wikan, nalika dinten…………..……
surya kaping ……….…. Jalaran ………………
2.Uluk Salam
Panjenengannipun
para palayat kakung putri ingkang mahambeg budi, As Wr Wb, Kasugengan karahayon saha
katentreman awit sih Wilasaning Gusti ingkang MahaKawasa, sampun ngrumentahaken
kayuwanan dhumateng para- para ingkang abela sungkawa ing dalem dhuhkita
punika.
3.Adicara
Kula ingkang
piniji ngaturaken titi laksana / adicara pangruktinupun jinasah titi wanci
punika, keparenga maosaken
urutaning upacara.
1.Maosaken
serat lelayu. 2.Solat jenasah / Sembahyangan 3.Pambagyo harjo 4.Tanggap Dhuhkita 5.Pandonga
6.Brobosan
7.Bidhal layon, mekaten menggah urutaning upacara
Panjenenganipun
para pelayat kakung putri ingkang tuhu
mahambeg ing dharma, nggemeni wekdal tumapaking pangrukti jinasah badhe kawiwitan.
4.Solat Jinasah/ Sembahyang-an
Solat
jinasah / Sembahyangan badhe katindakaken, dene ingkang badhe nyepuhi kasuwun
panjenenganipun Bapa………....……, sumonggo.
5.Atur Pambagyo harjo
Pari
purnaning solat jinasah/ Sembahyang-an,
kalajengaken atur Pambagyo
harjo. Kebak ing trapsila ingkang nandang sungkawa
badhe atur pambagyo harjo, namung mboten kuwawa matur pribadi, mila nyaraya
panjenenganipun Bapa…..………(minangka sulih sarira), jumenengipun jinajaran 1.
Bapa …………… kaliyan
2.Bapa………………., mbok bilih
sampun samekta ing gati ,sumonggo.
6.Tanggap Dhuhkita
Salajengipun
Tanggap dhuhkita / Abela sungkawa,
1.Atur bela sungkawa saking………………..
ingkang badhe kasarira Bapa…………………..
kasumangga-aken sa-cekapipun.
(bela
sungkawa 2, 3, 4 sami nginggil)
Keluarga
ngaturaken panuwun ingkang sampun tanggap dhuhkita sedayanipun, mugi ndadosaken
panglipuripun ingkang nandhang sungkawa.
7.Pandonga
Para pelayat
kakung putri ingkang tuhu lubering budi,
mbok bilih gendhaga laya (peti jenasah)
sampun katutup kalajengaken upacara pandonga. Titah sawantah gesang ing
ngalam donya tartamtu nggadhahi kekirangan lan dosa, sumonggo sami manungkul
puja sesarengan ingkang badhe dipun sepuhi dening panjenenganipun
Bapa……………………….., katur bapa pandonga
kasumanggakaken.
8. Brobosan
Upacara adat
lupiya ingkang sampun badhe wonten upacara brobosan. Kadang para kanoman
ingkang sampun piniji sumonggo keparenga
mundhi gendhaga laya saking ndalem badhe wonten upacara brobosan.
Katur
Bapa…………..………, ingkang badhe mratitisaken
upacara brobosan, kasuwun ngatur para putra wayah, lan sanesipun ingkang badhe
brobosan.
Para pelayat
kakung putri ingkang sampun abela
sungkawa, pangrukti ingkang pungkasan nenggih bidhaling layon.
Ingkang
kajibah ngasta ubarampe sampun kesupen, songsong lan sanesipun.
9.Sugeng Kondur
Katur para
pelayat kakung putri , mbok bilih mboten kagungan pambengan sanes, keluarga
nyuwun sih kadarmanipun keparengan nguntapaken KUNARPANIPUN almarhum/
almarhumah dumugi papan ingkang pungkasan (Makam). Dene wonten pambengan
ingkang wigati, keluarga ngaturaken panuwun iangkang sampun abela
sungkawa. Konduripun nderekaken sugeng kondur, mugi kalisa ing
sangsaya dumigi ing ndalem.
10. Penutup
Kula ingkang
piniji ngaturaken upacara pangrukti jinasah, bilih wonten galap gangsuling
atur, nyuwun agunging pangaksami. Wass
WrWb , kula kantheni sesanti :
RAHAYU INGKANG SAMI PINANGGIH, WINANTU
ING SUKA RENA
*) Manungsa
neng ngalam ndonya wis tutup yuswa ( pupuh PUCUNG) :
WUS KAPOCONG, KRANA KARSANE HYANG AGUNG
ANENG NGALAM NDONYA, WUS TUTUG NGGENYO NGLAKONI
WEKASANE, MANGGON PAPAN KANG
PUNGKASAN
*)Konsep ing
nginggil namung kangge ancer-ancer, dipun jumbuhaken mbok bilih wonten acara
benten, saget dipun racik piyambak.
*)Pambiwara
/ protokol kedah nguningani sinten pra paraga ingkang badhe ngayahi / tugas.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar