Senin, 06 Januari 2014

PENGACARA / PAMBIWARA / PROTOKOL "KEMATIAN"



Cara Mudah Jadi PAMBIWARA / PENGACARA / PROTOKOL  “ KASRIPAHAN “ (KEMATIAN)
1.Pambuka     :
Kawula nuwun, kados-kados dhuhkita wara ingkang sampun sumebar sarana serat lelayu saha lesan lan  gethok tular, bilih panjenenganipun Bp/Ibu ………………….  Titi wanci punika tinimbalan dening Pangeran Ingkang Maha Wikan, nalika dinten…………..…… surya kaping ……….…. Jalaran ………………
2.Uluk Salam
Panjenengannipun para palayat kakung  putri  ingkang mahambeg  budi, As Wr Wb, Kasugengan karahayon saha katentreman awit sih Wilasaning Gusti ingkang MahaKawasa, sampun ngrumentahaken kayuwanan dhumateng para- para ingkang abela sungkawa ing dalem dhuhkita punika.
3.Adicara
Kula ingkang piniji ngaturaken titi laksana / adicara pangruktinupun jinasah titi wanci punika, keparenga  maosaken urutaning  upacara.
1.Maosaken serat lelayu.     2.Solat jenasah / Sembahyangan      3.Pambagyo harjo        4.Tanggap Dhuhkita       5.Pandonga       6.Brobosan       7.Bidhal layon,      mekaten menggah urutaning upacara
Panjenenganipun para pelayat kakung putri  ingkang tuhu mahambeg ing dharma, nggemeni wekdal tumapaking pangrukti  jinasah badhe kawiwitan.
4.Solat Jinasah/ Sembahyang-an
Solat jinasah / Sembahyangan badhe katindakaken, dene ingkang badhe nyepuhi kasuwun panjenenganipun Bapa………....……,  sumonggo.
5.Atur Pambagyo harjo
Pari purnaning solat jinasah/ Sembahyang-an,  kalajengaken   atur Pambagyo harjo.    Kebak ing trapsila ingkang nandang sungkawa badhe atur pambagyo harjo, namung mboten kuwawa matur pribadi, mila nyaraya panjenenganipun Bapa…..………(minangka sulih sarira), jumenengipun jinajaran    1. Bapa …………… kaliyan   2.Bapa……………….,  mbok bilih sampun samekta ing gati ,sumonggo.
6.Tanggap Dhuhkita
Salajengipun Tanggap dhuhkita / Abela sungkawa,  1.Atur bela sungkawa saking………………..  ingkang badhe kasarira Bapa…………………..  kasumangga-aken sa-cekapipun.
(bela sungkawa  2, 3, 4  sami nginggil)
Keluarga ngaturaken panuwun ingkang sampun tanggap dhuhkita sedayanipun, mugi ndadosaken panglipuripun ingkang nandhang sungkawa.
7.Pandonga
Para pelayat kakung putri  ingkang tuhu lubering budi, mbok bilih gendhaga laya (peti jenasah)  sampun katutup kalajengaken upacara pandonga. Titah sawantah gesang ing ngalam donya tartamtu nggadhahi kekirangan lan dosa, sumonggo sami manungkul puja sesarengan ingkang badhe dipun sepuhi dening panjenenganipun Bapa………………………..,  katur bapa pandonga kasumanggakaken.
8. Brobosan
Upacara adat lupiya ingkang sampun badhe wonten upacara brobosan. Kadang para kanoman ingkang sampun piniji  sumonggo keparenga mundhi gendhaga laya saking ndalem badhe wonten upacara brobosan.
Katur Bapa…………..………ingkang badhe mratitisaken upacara brobosan, kasuwun ngatur para putra wayah, lan sanesipun ingkang badhe brobosan.
Para pelayat kakung putri  ingkang sampun abela sungkawa, pangrukti ingkang pungkasan nenggih bidhaling layon.
Ingkang kajibah ngasta ubarampe sampun kesupen, songsong lan sanesipun.
9.Sugeng Kondur
Katur para pelayat kakung putri , mbok bilih mboten kagungan pambengan sanes, keluarga nyuwun sih kadarmanipun keparengan nguntapaken KUNARPANIPUN almarhum/ almarhumah dumugi papan ingkang pungkasan (Makam). Dene wonten pambengan ingkang wigati, keluarga ngaturaken panuwun iangkang sampun abela sungkawa.  Konduripun  nderekaken sugeng kondur, mugi kalisa ing sangsaya dumigi ing ndalem.
10. Penutup
Kula ingkang piniji ngaturaken upacara pangrukti jinasah, bilih wonten galap gangsuling atur, nyuwun agunging pangaksami.  Wass WrWb ,  kula kantheni sesanti : RAHAYU  INGKANG SAMI PINANGGIH, WINANTU ING SUKA RENA
*) Manungsa neng ngalam ndonya wis tutup yuswa ( pupuh PUCUNG) :
            WUS KAPOCONG,   KRANA KARSANE HYANG AGUNG
            ANENG NGALAM NDONYA,   WUS TUTUG NGGENYO NGLAKONI
            WEKASANE,   MANGGON PAPAN  KANG PUNGKASAN
*)Konsep ing nginggil namung kangge ancer-ancer, dipun jumbuhaken mbok bilih wonten acara benten, saget dipun racik piyambak.
*)Pambiwara / protokol kedah nguningani sinten pra paraga ingkang badhe ngayahi / tugas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar