Jumat, 25 Oktober 2013

Jadi Pembicara / MC : " PASRAH TEMANTEN "

Cara Mudah Menjadi Pembicara /MC “PASRAH MANTEN” di Pernikahan, (Atur Pambagya Hargya, Pasrah Manten, Terima Temanten, Mangayu Bagya, Asung Bela Sungkawa, dll )
TULADHA SAPALA
1.   Tuladha Sapala menika namung kangge ancer-ancer mbok bilih wonten para-para ingkang kersa nampi jejibahan talanging atur/basa  bab : Ing Pahargyan Manten saha Ing Kasripahan
2.   Pramila kula ngracik Tuladha Sapala punika , dhumateng sok sintena ingkang kersa nguri-uri Basa Jawi, punika sampun saget kangge ancer-ancer minangka talanging Basa, panci Tuladha Sapala kadamel kanthi ringkes  ( Palur-Solo, 26 Nov 2005, Radjiman Rososumanto)

PASRAH  TEMANTEN

Pokoking Atur :
1.    Uluk Salam
2.    Minangka Duta
3.    Salam Taklim
4.    Pasrah
5.    Atur Panuwun
6.    Nyuwun Pangapura
7.    Nyuwun Pamit

1.    Kawula nuwun, para pinisepuh ingkang tuhu lumbering kawruh, para pepundhen ingkang  dahat kinabekten, para pangembating praja ingkang  pantes sinudarsana, para rawuh kakung putri  ingkang  tuhu mahambeg ing budi, Assalamualaikum WrWb …../Syallom……, Kasugengan , katentreman miwah karahayon awit sih wilasanipun Gusti , mugi tansah kasarira sagunging para mahargya.

2.    Nuhoni Jejibahan ingkang kula tampi saking panjenenganipun  Bp/Ibu…………………(orang tua temanten kakung) , kula amung minangka duta, piniji hamasrahaken calon putra temanten kakung  pun Bagus ………………,  Ingkang badhe kawiwaha ing dinten punika.
3.    Katur panjeneganipun Bp ……………….( panampi), keparenga matur :
Sepisan,  saderengipun pasrah, kawula aturaken sumangga sami ngaturaken suka syukuring Gusti ingkang sampun kasarira sedaya ingkang badhe njenengi/ngestreni pahargyan punika.
Kaping Kalih,  ngaturaken salam taklim saking Bp/Ibu…………..…(orang tua manten kakung) , konjuk panjenenganipun Bp……………………., Keparenga nampi saha ka aturna dhumateng ingkang kawogan gati.
Kaping tiga,  lampah kula kanthi hamboyongi putra temanten dalah rombongan panggrubyuk nenggih widodo mboten wonten rubeda ing margi, awit sih wilasaning Gusti, dalasan pangestunipun para sepuh ing mriki.
4.    Atur salajengipun , kula hamasrahaken putra temanten kakung pun Bagus …………….. ,keparenga panjenengan nampi asta kekalih kanthi renaning panggalih mbok menawi badhe dipun wonteni upacara panggih.
5.    Kacihna titi wanci punika  ing wisma gung rinengga mriki wonten prastawa gati ingkang semuwa, pahargyan dhaupipun Rara ………………… kaliyan Bagus ………………….  Mboten sanes panjenenganipun Bp/Ibu ……………..  ngaturaken agunging panuwun dene putranipun  Bagus………………  kawiwaha sineksen sagunging para mahargya, para rawuh kakung putri ingkang tuhu ambeking budi.
6.    Kula dalah rombongan panggrubyuk , anggenipun sowan saha ngestreni pawiwahan punika mbok bilih wonten kiranging subasita ingkang ndadosaken kirang renaning panggalih . Kula ingkang nyuwunaken agunging pangapunten.
7.    Pungkasaning atur, ing mangke saparipurnaning pahargyan, kula saha warga pangombyong temanten kakung nyuwun pamit, nyuwun pangestu wangsul dhateng papan padunungan, tebihna ing alangan, dene baraya agung ing mriki tansaha manggih ing suka basuki.
Mbok bilih wonten ceweting atur, nyuwun pangaksama, Kula cekapi atur pasrah punika, akhirul salam   WbWh..…WrWb   ( Mugi Gusti tansah mberkahi kita sedaya),  ugi sinartan sesanti  : Rahayu ingkang sami pinanggih , tebih ing godha rencana, winantu ing suka rena.  Nuwun, Matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar