Senin, 07 Oktober 2013

MACAPAT DHANDANG-GULA TRAH ATMOSUKARTANTRAH



TRAH  ATMOSUKARTAN
                 (macapat  :  DHANDANG-GULA)
1.. Kang ngempal ing dinten punika,  yeku trah Atmosukartan,,
 engkang saking dukuh Saren, nenggih   eyang wus surut, sareyane ing Wonosari, 
mila putra lan wayah, sarta para buyut,  ugi nganti tekeng canggah ,
 datan lali mula bukane dumadi,  marang leluhurira.

2. Putra mbareb Supadmo kang nami, ongko kalih awasta Sulomo,
Supardi kang ketelune, kaping sekawanipun, mios putrid  nama Supadmi,
 putri kang ongko gangsal Suparmi aranipun,  sedaya sampun gumrayah,
  darbe teturun putra lan putri , ugi buyut lan wayah.

3. Para wayah tamtu tansah eling, sejatine trah Atmosukartan,
lumantar ing sudarmane, ngantya tekeng mbesuk, tan-kalepyan mula dumadi,
wajibing bekti darma, myang leluhuripun, nadyan nandang papa rena,
 ing pakarti amung tansah ngaji-aji, maring wong tuwanira.

4. Di lestari paguyuban niki, angraketake balung apisah,
nadyan wus neng ngendhi bae, den bisa nyisih wektu,
 amrih katam siji lan siji,iku putrane sapa, ketemu sedulur, kanthi lestari kempalan,
 tamtu sami raket lahir trusing batin, karana tinggaling trah.

5. Paguyuban ngrembaka-a dadi, den terusna wayah buyut canggah,
 hawya pegat salawase, tansah panggih sedulur,asal mula tunggal sawiji,
Trah Atmosukartan, ja ana kang kantun, eling mula bukanira,
 amung eyang Atmosukarto pinundhi, yeku leluhur kita.

6. Rahayu-a pepanggihan niki, wilasaning kang Kawasa,
lenging manah hwya kelalen, wajib atur suka sukur, konjuk Gusti Kang Maha Asih,
 kang tansah paring rahmad, mring kawulanipun, manungsa among saderma,
naming kedah nyenyuwun rina lan wengi, amrih mulya widada.

(Karipta titi mangsa :20 Maret 1989, Saking : Radjiman Rososumanto, putra mantu
Bpk.Supadmo Padmodihardjo)
Nyuwun Kawigatosan :
Prentuling manah pangripta damel rerepen DHANDANGGULA punika pangajab :
1.       Para kaneman kersa-a nampi  /nguri-uri Kabudaya Jawi ingkang satuhu
Adi Luhung
2.       Para wayah , buyut, canggah lan salajengipun mangertosi asal usulipun,
sinten-ta eyang Atmosukarta punika
3.       Para Pinisepuh kersa-a tansah pairng sesuluh dhumateng para putra wayah,
buyut lan salajengipun bab trah Atmosukartan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar