Selasa, 15 Oktober 2013

CARA MUDAH JADI MC "PAMBAGYA HARGYA" TEMANTEN



Cara Mudah Menjadi Pembicara /MC di Pernikahan & Kematian, (Atur Pambagya Hargya, Pasrah Manten, Terima Temanten, Mangayu Bagya, Asung Bela Sungkawa dll )
TULADHA SAPALA
1.       Tuladha Sapala menika namung kangge ancer-ancer mbok bilih wonten para-para ingkang kersa nampi jejibahan talanging atur/basa  bab : Ing Pahargyan Manten saha Ing Kasripahan
2.       Pramila kula ngracik Tuladha Sapala punika , dhumateng sok sintena ingkang kersa nguri-uri Basa Jawi, punika sampun saget kangge ancer-ancer minangka talanging Basa, panci Tuladha Sapala kadamel kanthi ringkes  ( Palur, 26 Nov 2005, Radjiman Rososumanto)


                       ATUR PAMBAGYA HARGYA
Pokoking Atur :
1.       Uluk Salam
2.       Minangka Talang Atur
3.       Manembrama
4.       Wigatining Pahargyan
5.       Atur Panuwun
6.       Nyuwun Pangapunten
7.       Pangajabing Kang Mengku Karsa

1.        Kawula nuwun, para pinisepuh ingkang tuhu lumbering kawruh, para pepundhen ingkang  dahat kinabekten, para pangembating praja ingkang  pantes sinudarsana, para rawuh kakung putri  ingkang  tuhu mahambeg ing budi, Assalamualaikum WrWb …../Syallom……, Kasugengan , katentreman miwah karahayon awit sih wilasanipun Gusti , mugi tansah kasarira sagunging para mahargya.

2.       Ing kalodhangan punika, panjenenganipun  Bp/Ibu …………………………… (ingkang mengku Gati) nguningani lumbering para tamu, mboten kuwawa matur pribadi, pramila miji badan kawula, minangka talanging basa/atur.

3.       Para rawuh, kebaking trapsila ingkang hamengku karsa, ngaturaken pambagya hargya sugeng rawuh,manembrama karawuhan panjenenganipun para tamu kakung putri ingkang dahat lumbering budi.         Saha ngaturaken agunging panuwun , dene para-para ingkang sampun kepareng rawuh , kasdu nyisihaken wekdal, nglonggaraken panggalih, saperlu ngestreni pawiwahan ing titi wanci …(siang)… punika.

4.       Panjeneganipun Bp/Ibu ……………………………, nuhoni darmaning asepuh, kepareng angentas atmaja siwi, putri kinasih sinambating wangi, sesilihipun   Rara………………… badhe jinatu krami dening  Bagus …………………………. Putranipun Bp/Ibu ………………. Ingkang pidalem ing …………………………    Linambaran ati suci badhe lelumban ing madyaning bebrayan ageng ,  saha sampun sah  Tataning Pamarintah, sampun kalampahan ijab Kabul ( Daup Suci)  nalika dinten piniji ………….. Surya kaping…………..,  Pangestunipun para pinisepuh wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

5.       Panjeneganipun Bp/Ibu ……………………  ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng sih kadarman, saestu saget ngenthengaken sesanggan anggenipun hamengku gati.  Ugi mboten kesupen dhumateng para-para ingkang sampun mbantu karya, semanten ugi para krida mudha ingkang kajibah dados pramuladi.  Sedaya sih kadarmanipun , mugi-mugi pikantuk leliru ingkang satraju saking Pangeran ingkang Maha Wikan.

6.       Panjenenganipun para rawuh kakung putri ingkang sampun kepareng lenggah sami, sanadyan to pahargyan punika sampun karantam karacik dangu saderengipun , anaging dumugining data , taksih kathah cewet lang kekiranganipun, semanten ugi mbok bilih para panitia , para pramuladi wonten kiranging subasita, semanten ugi  anggenipun nglenggahaken para tamu mboten jumbuh kaliyan kalenggahanipun , ingkang ndadosaken kirang renaning panggalih , kawula ingkang nyuwunaken agunging samudra pangaksami.

7.       Para pinisepuh saha para rawuh, kanthi andhap asor panyuwunipun ingkang hamengku karsa, Inggih panjenenganipun Bp/Ibu ……………………..  nyuwun puja pangestu, mugi-mugi putra ingkang badhe lelumban ing bebrayan ageng ing benjang tansaha gina wonten ing masyarakat, minggahipun gina tumrap Nusa lan Bangsa ugi Agama.
Sepisan malih nyuwun donganipun para rawuh, keparenga lelenggahan kanthi merdikaning panggalih sinambi ngrahapi pasugatan-pasugatan ingkang sampun lumados ngantos saparipurnaning pahargyan.
Saparipurnaning pawiwahan punika, ingkang hamengku karsa amung saget ngaturaken sugeng kondur mugi kalisa ing  sangsaya.
Mbok menawi amung semanten atur kawula, ugi mbok bilih wonten galap gangsuling atur , kula pribadi nyuwun sih samodra pangaksama.
Minagka panutuping atur, Wabilahi tofiq wal………WrWb,      kanthi sesanti : Rahayu ingkang sami pinanggih, winantu ing suka rena.      Matur Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar