Selasa, 21 Januari 2014

MC Pranatacara / Pranata Adicara Temanten



Contoh MC dalam bahasa Jawa: Pranatacara  / Pranata adicara Pengantin
     Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
     Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan mangarsa,  hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
     Sumangga kula derekaken sesarengan manungkul puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung.  Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan,  rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa …(Doso DH)…. sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya,  hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
     Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

1. Eko laksitagati,  purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
2. Dwi laksitagati,  rawuh lan  jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
3. Tri laksitagati,  pasrah-pinampi putra temanten kakung
4. Catur laksitagati,  dhaup panggihing putra temanten anut satata-ning  adat widhiwadana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan
5. Panca laksitagati,  nderek mangayuhbagya-nipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha,  tumunten kalajengaken upacara sungkem
6. Sad laksitagati,  atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
7. Sapta laksitagati,  lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
8. Hasta laksitagati , sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhong pudyastawa murih widadaning bebrayan
9. Nawa laksitagati,  paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

     Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

(Terjemahan bahasa Indonesia )
 Contoh MC dalam bahasa Jawa: Pranatacara/Pranata adicara Pengantin
     Mohon maaf….permisi. Yang terhormat para orang tua dan yang dituakan yang selalu menjaga keutamaan hidup, yang pantas dihormati. Juga kepada para hadirin-hadirat yang berbahagia

     Mohon maaf sekali, semoga saya dijauhkan dari mala petaka karena sudah berani menghadap kepada anda semua yang sedang bercengkerama. Saya yang ditugasi sebagai pembawa acara mohon diperkenankan untuk membuka acara suka-suka pada saat ini. Supaya acara pesta sederhana ini bisa runtut dan lancar
     Marilah saya iring anda untuk memuji syukur kepaada Tuhan yang telah memberikan rahmat dan nikmat di alam kehidupan ini. Terbukti keselamatan selalu menyertai kita semua sehingga kita bisa meluangkan waktu untuk menghadiri acara/ pesta ini. Untuk memberi doa  dan restu kepada bapak …(Doso DH).. sekeluarga yang sedang memenuhi kewajiban sebagai orang tua,  yakni menikahkan anak mereka, semoga selalu diberi keselamatan.
     Para tamu (laki-laki dan perempuan), susunan acara yang sudah disusun oleh keluarga adalah sebagai berikut:
Pertama,  sebagai pembuka pesta ini adalah kedatangan pengantin putri dari ruang rias ke pelaminan
Kedua,  datang dan perginya pengantin putra menuju ke arena pesta
Ketiga,  serah terima pengantin putra
Keempat,  acara panggih (pertemuan) antara pengantin putra dan putri sesuai dengan adat dan dilanjutkan krobongan
Kelima,  sambutan dari pihak besan (mertua) kepada tuan rumah dilanjutkan acara sungkem
Keenam,  sambutan dari pemilik rumah kepada para tamu undangan
Ketujuh,  kepergian pengantin ke ruang ganti untuk ganti baju kesatria
Kedelapan,  kedatangan kembali kedua pengantin
Kesembilan,  berakhirnya acara pesta pernikahan ini yakni perginya pengantin menuju ke depan tempat pesta

Demikianlah susunan acara pada pesta pernikahan kali ini. Selanjutnya kami persilahkan para tamu untuk duduk di tempat yang sudah disediakan dengan sesantai mungkin. Sambil mengikuti jalannya acara ini mari kita menikmati lagu-lagu Jawa
Terimakasih

Senin, 06 Januari 2014

PENGACARA / PAMBIWARA / PROTOKOL "KEMATIAN"



Cara Mudah Jadi PAMBIWARA / PENGACARA / PROTOKOL  “ KASRIPAHAN “ (KEMATIAN)
1.Pambuka     :
Kawula nuwun, kados-kados dhuhkita wara ingkang sampun sumebar sarana serat lelayu saha lesan lan  gethok tular, bilih panjenenganipun Bp/Ibu ………………….  Titi wanci punika tinimbalan dening Pangeran Ingkang Maha Wikan, nalika dinten…………..…… surya kaping ……….…. Jalaran ………………
2.Uluk Salam
Panjenengannipun para palayat kakung  putri  ingkang mahambeg  budi, As Wr Wb, Kasugengan karahayon saha katentreman awit sih Wilasaning Gusti ingkang MahaKawasa, sampun ngrumentahaken kayuwanan dhumateng para- para ingkang abela sungkawa ing dalem dhuhkita punika.
3.Adicara
Kula ingkang piniji ngaturaken titi laksana / adicara pangruktinupun jinasah titi wanci punika, keparenga  maosaken urutaning  upacara.
1.Maosaken serat lelayu.     2.Solat jenasah / Sembahyangan      3.Pambagyo harjo        4.Tanggap Dhuhkita       5.Pandonga       6.Brobosan       7.Bidhal layon,      mekaten menggah urutaning upacara
Panjenenganipun para pelayat kakung putri  ingkang tuhu mahambeg ing dharma, nggemeni wekdal tumapaking pangrukti  jinasah badhe kawiwitan.
4.Solat Jinasah/ Sembahyang-an
Solat jinasah / Sembahyangan badhe katindakaken, dene ingkang badhe nyepuhi kasuwun panjenenganipun Bapa………....……,  sumonggo.
5.Atur Pambagyo harjo
Pari purnaning solat jinasah/ Sembahyang-an,  kalajengaken   atur Pambagyo harjo.    Kebak ing trapsila ingkang nandang sungkawa badhe atur pambagyo harjo, namung mboten kuwawa matur pribadi, mila nyaraya panjenenganipun Bapa…..………(minangka sulih sarira), jumenengipun jinajaran    1. Bapa …………… kaliyan   2.Bapa……………….,  mbok bilih sampun samekta ing gati ,sumonggo.
6.Tanggap Dhuhkita
Salajengipun Tanggap dhuhkita / Abela sungkawa,  1.Atur bela sungkawa saking………………..  ingkang badhe kasarira Bapa…………………..  kasumangga-aken sa-cekapipun.
(bela sungkawa  2, 3, 4  sami nginggil)
Keluarga ngaturaken panuwun ingkang sampun tanggap dhuhkita sedayanipun, mugi ndadosaken panglipuripun ingkang nandhang sungkawa.
7.Pandonga
Para pelayat kakung putri  ingkang tuhu lubering budi, mbok bilih gendhaga laya (peti jenasah)  sampun katutup kalajengaken upacara pandonga. Titah sawantah gesang ing ngalam donya tartamtu nggadhahi kekirangan lan dosa, sumonggo sami manungkul puja sesarengan ingkang badhe dipun sepuhi dening panjenenganipun Bapa………………………..,  katur bapa pandonga kasumanggakaken.
8. Brobosan
Upacara adat lupiya ingkang sampun badhe wonten upacara brobosan. Kadang para kanoman ingkang sampun piniji  sumonggo keparenga mundhi gendhaga laya saking ndalem badhe wonten upacara brobosan.
Katur Bapa…………..………ingkang badhe mratitisaken upacara brobosan, kasuwun ngatur para putra wayah, lan sanesipun ingkang badhe brobosan.
Para pelayat kakung putri  ingkang sampun abela sungkawa, pangrukti ingkang pungkasan nenggih bidhaling layon.
Ingkang kajibah ngasta ubarampe sampun kesupen, songsong lan sanesipun.
9.Sugeng Kondur
Katur para pelayat kakung putri , mbok bilih mboten kagungan pambengan sanes, keluarga nyuwun sih kadarmanipun keparengan nguntapaken KUNARPANIPUN almarhum/ almarhumah dumugi papan ingkang pungkasan (Makam). Dene wonten pambengan ingkang wigati, keluarga ngaturaken panuwun iangkang sampun abela sungkawa.  Konduripun  nderekaken sugeng kondur, mugi kalisa ing sangsaya dumigi ing ndalem.
10. Penutup
Kula ingkang piniji ngaturaken upacara pangrukti jinasah, bilih wonten galap gangsuling atur, nyuwun agunging pangaksami.  Wass WrWb ,  kula kantheni sesanti : RAHAYU  INGKANG SAMI PINANGGIH, WINANTU ING SUKA RENA
*) Manungsa neng ngalam ndonya wis tutup yuswa ( pupuh PUCUNG) :
            WUS KAPOCONG,   KRANA KARSANE HYANG AGUNG
            ANENG NGALAM NDONYA,   WUS TUTUG NGGENYO NGLAKONI
            WEKASANE,   MANGGON PAPAN  KANG PUNGKASAN
*)Konsep ing nginggil namung kangge ancer-ancer, dipun jumbuhaken mbok bilih wonten acara benten, saget dipun racik piyambak.
*)Pambiwara / protokol kedah nguningani sinten pra paraga ingkang badhe ngayahi / tugas.