Jumat, 25 Oktober 2013

CARA MUDAH PEMBICARA / MC : " NAMPI MANTEN " (TERIMA TEMANTEN)



Cara Mudah Menjadi Pembicara / MC “NAMPI MANTEN” (Terima Temanten ) di Pernikahan  (yang lain-nya : Atur Pambagya Hargya, Pasrah Manten, Terima Temanten, Mangayu Bagya Kesripahan, Asung Bela Sungkawa dll )
TULADHA SAPALA
1.       Tuladha Sapala menika namung kangge ancer-ancer mbok bilih wonten para-para ingkang kersa nampi jejibahan talanging atur/basa  bab : Ing Pahargyan Manten saha Ing Kasripahan
2.     Pramila kula ngracik Tuladha Sapala punika , dhumateng sok sintena ingkang kersa nguri-uri Basa Jawi, punika sampun saget kangge ancer-ancer minangka talanging Basa, panci Tuladha Sapala kadamel kanthi ringkes  ( Palur-Solo, 26 Nov 2005, Radjiman Rososumanto)
NAMPI TEMANTEN  (Terima Manten)
Pokoking Atur :
1.       Uluk Salam
2.       Kajibah Nampi
3.       Sugeng Rawuh
4.       Atur Panuwun
5.       Penampi
6.       Nyumanggaaken
7.       Sugeng Kondur

1.        Kawula nuwun, para pinisepuh ingkang tuhu lumbering kawruh, para pepundhen ingkang  dahat kinabekten, para pangembating praja ingkang  pantes sinudarsana, para rawuh kakung putri  ingkang  tuhu mahambeg ing budi, Assalamualaikum WrWb …../Syallom……, Kasugengan , katentreman miwah karahayon awit sih wilasanipun Gusti , mugi tansah kasarira sagunging para mahargya.

2.       Nuhoni jejibahan ingkang kula tampi saking panjenenganipun Bp/Ibu…………., ingkang mengku karsa ing mriki kula pinitados piniji kinen anampi putra temanten kakung putranipun  Bp/Ibu…………….., lumantar panjenenganipun Bp………………(ingkang pasrah).

3.       Katur panjenenganipun Bp. ………………..(pasrah) kula ugi namung  anampi , ngaturaken sugeng rawuh sarawuhipun panjenengan dalah baraya pangrombyong temanten kakung.  Baraya ing mriki rumaos lega, karana ingkang dipun tenggo sampun prapto wilujeng kalis ing rubeda awit sihing kang Maha Kawasa.

4.       Sanget-sanget ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan  dene panjenenganipun  Bp………………………….(pasrah) sampun kepareng hamboyong putra temanten kakung dumugi wisma wiwaha bebasan kasdu mungkasi karya.

5.       Dene atur salajengipun :
·         Sepisan : sumangga kawangsulan malih nyenyuwun sihing Pangeran , wiwit purwa madya ngantos wasana tansaha manggih karahayon.
·         Atur angka kalih : salam taklim saking kadang besan kula tampi , badhe kula aturaken ingkang kawogan gati.
Kosok wangsulanipun ugi salam taklimipun Bp/Ibu………………….., konjuk panjenenganipun Bp/Ibu………………..(besan) keparenga nampi kaaturna ugi.
·         Dene atur angka tiga : nun inggih wigatining atur,  Pasrah panjenenganipun putra temanten kakung kula tampi sawetahipun ,  ugi badhe kula lajengaken konjuk ingkang kawogan ing gati.

6.       Titi wanci punika dipun wonteni upacara –upacara saha pahargyan kanthi prasaja, pramila panjenenganipun  sak rombongan kepareng ngestreni mangestoni sinartan lenggah ngantos sapari purnaning pawiwahan.
Saha nyuwun agenging pangaksami , anggenipun nglenggahaken mboten jumbuh kaliyan kalenggahan panjenengan sami.  Semanten ugi mbok bilih wonten panitya saha para pramuladi wonten ingkang kiranging subasita, keparenga paring pangapura.

7.       Atur salajengipun , ing mangke mbok bilih pahargyan sampun paripurna, kula amakili ingkang mengku karsa saha panitya, ngaturaken sugeng kondur , tansaha manggih rahayu dumugi ingkang tinuju.
Semanten atur panampi , wonten kaladuking uni, nyuwun samodra pangaksami, achairul salam WbWh WrWb,…………..
Pepet puput pepuntoning atur, rahayu ingkang  sami pinanggih winantu ing sukarena,   matur nuwun.

Jadi Pembicara / MC : " PASRAH TEMANTEN "

Cara Mudah Menjadi Pembicara /MC “PASRAH MANTEN” di Pernikahan, (Atur Pambagya Hargya, Pasrah Manten, Terima Temanten, Mangayu Bagya, Asung Bela Sungkawa, dll )
TULADHA SAPALA
1.   Tuladha Sapala menika namung kangge ancer-ancer mbok bilih wonten para-para ingkang kersa nampi jejibahan talanging atur/basa  bab : Ing Pahargyan Manten saha Ing Kasripahan
2.   Pramila kula ngracik Tuladha Sapala punika , dhumateng sok sintena ingkang kersa nguri-uri Basa Jawi, punika sampun saget kangge ancer-ancer minangka talanging Basa, panci Tuladha Sapala kadamel kanthi ringkes  ( Palur-Solo, 26 Nov 2005, Radjiman Rososumanto)

PASRAH  TEMANTEN

Pokoking Atur :
1.    Uluk Salam
2.    Minangka Duta
3.    Salam Taklim
4.    Pasrah
5.    Atur Panuwun
6.    Nyuwun Pangapura
7.    Nyuwun Pamit

1.    Kawula nuwun, para pinisepuh ingkang tuhu lumbering kawruh, para pepundhen ingkang  dahat kinabekten, para pangembating praja ingkang  pantes sinudarsana, para rawuh kakung putri  ingkang  tuhu mahambeg ing budi, Assalamualaikum WrWb …../Syallom……, Kasugengan , katentreman miwah karahayon awit sih wilasanipun Gusti , mugi tansah kasarira sagunging para mahargya.

2.    Nuhoni Jejibahan ingkang kula tampi saking panjenenganipun  Bp/Ibu…………………(orang tua temanten kakung) , kula amung minangka duta, piniji hamasrahaken calon putra temanten kakung  pun Bagus ………………,  Ingkang badhe kawiwaha ing dinten punika.
3.    Katur panjeneganipun Bp ……………….( panampi), keparenga matur :
Sepisan,  saderengipun pasrah, kawula aturaken sumangga sami ngaturaken suka syukuring Gusti ingkang sampun kasarira sedaya ingkang badhe njenengi/ngestreni pahargyan punika.
Kaping Kalih,  ngaturaken salam taklim saking Bp/Ibu…………..…(orang tua manten kakung) , konjuk panjenenganipun Bp……………………., Keparenga nampi saha ka aturna dhumateng ingkang kawogan gati.
Kaping tiga,  lampah kula kanthi hamboyongi putra temanten dalah rombongan panggrubyuk nenggih widodo mboten wonten rubeda ing margi, awit sih wilasaning Gusti, dalasan pangestunipun para sepuh ing mriki.
4.    Atur salajengipun , kula hamasrahaken putra temanten kakung pun Bagus …………….. ,keparenga panjenengan nampi asta kekalih kanthi renaning panggalih mbok menawi badhe dipun wonteni upacara panggih.
5.    Kacihna titi wanci punika  ing wisma gung rinengga mriki wonten prastawa gati ingkang semuwa, pahargyan dhaupipun Rara ………………… kaliyan Bagus ………………….  Mboten sanes panjenenganipun Bp/Ibu ……………..  ngaturaken agunging panuwun dene putranipun  Bagus………………  kawiwaha sineksen sagunging para mahargya, para rawuh kakung putri ingkang tuhu ambeking budi.
6.    Kula dalah rombongan panggrubyuk , anggenipun sowan saha ngestreni pawiwahan punika mbok bilih wonten kiranging subasita ingkang ndadosaken kirang renaning panggalih . Kula ingkang nyuwunaken agunging pangapunten.
7.    Pungkasaning atur, ing mangke saparipurnaning pahargyan, kula saha warga pangombyong temanten kakung nyuwun pamit, nyuwun pangestu wangsul dhateng papan padunungan, tebihna ing alangan, dene baraya agung ing mriki tansaha manggih ing suka basuki.
Mbok bilih wonten ceweting atur, nyuwun pangaksama, Kula cekapi atur pasrah punika, akhirul salam   WbWh..…WrWb   ( Mugi Gusti tansah mberkahi kita sedaya),  ugi sinartan sesanti  : Rahayu ingkang sami pinanggih , tebih ing godha rencana, winantu ing suka rena.  Nuwun, Matur nuwun.